huatong
huatong
avatar

Langit Mendung Kuto Ngawi

Dalang Poerhuatong
mrssealy1huatong
الكلمات
التسجيلات

jeng,

tak tulis layang iki

naliko langit kebak mendung

gawang gawang katon

lelakon kang wes kapungkur

naliko tak sawang netramu

ing tegal papungan

tak laras pipimu ing watu kendal

lan tak geget latimu ing sendang glagah

ahhhhhh,

nanging ora jeng

jebul tresnamu cetek koyo

kali kang kebak padas

ringkih koyo kayu gapok

garing koyo jati aking

aku wes ora duwe

pangarep arep maneh jeng

dalan ikiy mbiyen nate tak liwati

nalikane langit mendung kutho ngawi

sendang glagah wes kinurip jroning ati

saben liwat aku ora biso lali

tak ulati isih koyo wingi uni

ora kroso luh tumetes mbrebes mili

roso nglangut yen katon pan tanpo pagut

katresnanku rinenggut purbaneng pesthi

dalan ikiy mbiyen nate tak liwati

nalikane langit mendung kutho ngawi

sendang glagah wes kinurip jroning ati

saben liwat aku ora biso lali

tak ulati isih koyo wingi uni

ora kroso luh tumetes mbrebes mili

roso nglangut yen katon pan tanpo pagut

katresnanku rinenggut purbaneng pesthi

المزيد من Dalang Poer

عرض الجميعlogo