Ning pinggiring bengawan
Tansah setyo
ngenteni sliramu
Eling eling jamane semono
Wis ndungkap pitung ketigo
Ning pinggiring bengawan
Saben saben
mung tansah kelingan
Wus prasetyo ing janji
kang suci
Ing lahir terusing ati
Sanadyan koyo ngopo
manungso
Mung biso ngreko lan njongko
Gusti kang paring idi lan pesti
Kito sak dermo
nglampahi ...
Ning pinggiring bengawan
Wayah sore
tan soyo kelingan
Gawang gawang esemu
cah ayu
Gawe sedihing atiku
Sanadyan koyo ngopo manungso
Mung biso ngreko lan njongko
Gusti kang paring idi lan pesti
Kito sak dermo
nglampahi ...
Ning pinggiring bengawan
Wayah sore
tan soyo kelingan
Gawang gawang esemu
cah ayu
Gawe sedihing atiku