logo

Setyo Tuhu Bowo

logo
الكلمات
Pamintaku nimas sido asih

Atut truntut,tansah reruntungan..

Ing sarino sawengine

Datan genggang sak rambut..

Lamun adoh caketing ati

Yen cedak tansah mulat,

sido asih tuhu..

Pindho mimin lan mintuno..

Ayo nimas bareng hanetepi wajib

Sido asih bebrayan..

nguri nguri budaya jawi

Aku kang setyo satuhu,

Wit biyen nganti saiki..

Bebasane,

Peteng kepapak obor sumunar..

Andhiko pangayomanku,

Lahir batin ku wus nyoto..

Mung sajak’e,

Andhiko semune kurang reno..

Tondho yekti,

Paseksene rikalane..

Mlampah awrat,

Mlampah tebih datan lesu..

Mugyantuk berkahing Gusti

Andhiko mung tansah limbat...

Panyuwunku,

Sedyo kulo tansah anglam lami..