Sumribit angin ratri...tansah angenteni
Setyo nrajang telenging aati
Angen angen tumlawung suwung..ing wengi sepi
Tansah angranti tekamu dhuh yayi
Wong ayu age nyedhak o ing sandhingku
Nyawang manise eseemu..
Gawe lerem e rasaku tentrem ing atiku
Hayuo pegat tresnamu sayangku
Pindho samudro pasang kang tanpo wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
Wong ayu age nyedhak o ngekep ragaku
Sirnakno loro bronto ing atiku
Amergo kabidhung wewayang..mu ing pikirku
Haywo pegat tresnamu dhuh sayangku
Pindho samudro pasang kang tanpo wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliranu kang dadi lamunan
Pindho samudro pasang kang tanpo wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
Yekti sliramu kang dadi lamunan