IBU... sing wis nuntun uripku
Sing nresnani aku
Saking suku tekane rambutku
IBU... ora kendat ndongaku
Aku ra lali wektu
Terus yen isih ono nyawaku
Tak eling, tresno lan ngendikamu
Sing nggawe tentrem batinku
IBU... beninge thoyo wudhu
Sing ngademke atiku
Saben eling, kabeh ngendikamu..
IBU.. ora lali nyuwunku
Impenono aku..
Senajan sedelok jroning kangenku
Oh ibu, wis kepenak panggonmu
Sedoyo mung nenggo wek tu
Ning tangan tengenku
Tak gegem welingmu
Tak ugemi nganti seprene
Ora lali
Saben wayah wengi
Soyo cetho ngendikamu
Ngelingake pungkasan ketemu ibu
IBU.. beninge thoyo wudhu
Sing nentremke atiku
Saben eling kabeh ngendikamu
IBU.. ora lali nyuwunku
Impenono aku..
Senajan sedelok jroning kangenku
Oh ibu, wis kepenak panggonmu
Sedoyo mung nenggo waktu
Ning tangan tengenku
Tak gegem welingmu
Tak ugemi nganti seprene
Ora lali
Saben wayah wengi
Soyo cetho ngendikamu
Ngelingake pungkasan ketemu ibu
Ngelingake pungkasan ketemu ibu
Matur suwun