Mamut rasa kamanungsan
Murang tata tamah lan durjana
Wanawasa jambul gundul
Sujanma tan bisa pinilaya
Girigeni mawinga-winga
Kuwanda awut mawut cècèr
Reksabumi ajeg asri
Mindha among karsa sagotra
Ranéh amlas asih tumrap marta
Watek naléndra kang enut Abilasa
Mingkara Hyang Widi jagatnata
Janaloka datan badha ladhu karma
ASJ_COXXX