Purwakane pagut netro trus andulu
Nadyan datan andangu
Nanging wus tumekeng kalbu
Mbabar pajar pindho sloko binabar
Sepisan anjawat kang asto
Koyo- koyo wus antuk swargo
Opo iyo iki tresno
Tresno kang sanyoto
Temah agawe kunjono popo
Lunging gadhung hangayun- ayun
Dhuh sang mustikaning asmoro
Sun kayungyun mring handiko
Yen jawoto ngelilanono
Bakal tak pundhut kromo
Mugo kasembadan
Tak jongko srono
Manembah mring Sang Hyang Widi
Mugio peparing margi
Margi kang waluyo jati
Duh duh aduh sang mustikaning asmoro
Sepisan anjawat kang asto
Koyo- koyo wus antuk swargo
Opo iyo iki tresno
Tresno kang sanyoto
Temah agawe kunjono popo
Lunging gadhung hangayun- ayun
Dhuh sang mustikaning asmoro
Sun kayungyun mring handiko
Yen jawoto ngelilanono
Bakal tak pundhut kromo
Dhuh sang mustikaning asmoro
Sun kayungyun mring handiko
Yen jawoto ngelilanono
Bakal tak pundhut krami
Tak mulyakke pindho prameswari
Mbalung janur dadyo usodo kang sayekti
Mbalung janur dadyo usodo kang sayekti