Ratri sunyaruri
Tidhem datanpa sira
Gandakusuma
Tansah ngebaki
Jroning nala
Wiyar tresna wimala
Anglir giri wana
Katepang ngrangsang gunung
Iku kang tatya prasida
Sesaji sasrahanku
Bukti katresnanku
Sekar sapta rupa
Tandha prasetya
Atma kang tak rasa
Lir ragawanda
Prani sowangan datan ndika
Ratri sunyaruri
Tidhem datanpa sira
Gandakusuma
Tansah ngebaki
Jroning nala
Wiyar tresna wimala
Anglir giriwana
Katepang ngrangsang gunung
Iku kang tatya prasida
Sesaji sasrahanku
Bukti katresnanku
Sekar sapta rupa
Tandha prasetya
Atma kang tak rasa
Lir ragawanda
Prani sowangan datan ndika
Atma kang tak rasa
Lir ragawanda
Prani sowangan datan ndika