Kecik kecik kecike manilo mampir om
Prayogane tumrap poro mudho
Mbesuk dadi wong kang dipercoyo
Sing becik dienggo dibuang barang sing olo
Oowing kecik kecike manilo
Oowing yen kasep njur ojo gelo
Kecik kecik kecik sawo bunder mampir lek
Tujuane ojo mingar minger
Pandungaku dadio wong kang pinter
Yen wes podo gedhe mlakumu dalan sing bener
Oowing kecik kecik sawo bunder
Oowing yen tekan cahyo sing bener
Kecik- kecik kecike dicucuk podhang mampir yu
Manuk podhang menclok neng omet jagung
Esuk ngadang mas awan sore ngadang
Neng bareng ketemu oraba rawani nembung
Oowing ana lurung nggo dalan luwak
Oowing yen wurung beja neng awak
Kecik- kecik kecik isi sawo mampir mbek
Wes mestine laboh nuso bongso
Luwih becik lan luwih utomo
Kabeh poro mudo berjuang kanggo negoro
Oowing kecik- kecik isi sawo
Oowing sampun saya nyuwun ngaso
Oowing kecik- kecik isi sawo
Oowing sampun saya nyuwun ngaso