Anakku sing bagus dhewe
Mbesuk pinter sekolahe
Yen wis biso nyambut gawe
Kudu mlaku sak mesthine
Cup menengo ngger anakku
Ojo pijer nangis wae
Anakku sing bagus dhewe
Mbesuk pinter sekolahe
Cup menengo ngger anakku
Sing tansah tak domo-domo
Dadiyo satrio tomo
Labuh marang nuso bongso
Enggal menengo anakku
Welaso marang Ibumu
Didawuhi kudu nggugu
Biso gawe mareming atiku
Adoh dununge Bapakmu
Ngayahi kewajiban luhur
Yen wis rampung mesti kondur
Nuswantoro adil makmur
Enggal menengo anakku
Welaso marang Ibumu
Didawuhi kudu nggugu
Biso gawe mareming atiku
Adoh dununge Bapakmu
Ngayahi kewajiban luhur
Yen wis rampung mesti kondur
Nuswantoro adil makmur