BOWO ANDUM BASUKI
️
Kembeng kembeng kumembeng
waspo ku mijil...
Pasrah Kang Kuwoso
Nrimo panduming dumadi
Timbang handedowo loro....
️Langgam Andum Basuki ️
Suji Sangga Buana
️
Biyen sapa sing marahi
Wekasane teka mbalenjani
Sapa baya dititeni
Ing tembene yen pada menangi
Apa dikira wong kuwi
Sak lawase katon edi peni
Mundak dina mundak sasi
Suwe suwe dadi kaki nini
Pancen edi...
Rembulan yen ndadari....
Bareng wanci...
Bang wetan ganti warni....
Di kandhani di tuturi..
Mung emane ora di perduli
Puluh puluh wis pinesthi
Sak banjure mung andum basuki
SALAM SANTUN
️
Pancen edi...
Rembulan yen ndadari....
Bareng wanci...
Bang wetan ganti warni....
Di kandhani di tuturi..
Mung emane ora di perduli
Puluh puluh wis pinesthi
Sak banjure mung andum basuki
Matur suwun