jamu...jamu ...
Tumbas jamu mbakyu
e jamu jamune..
badan sehat awak kuat
yen di ombe..
mbakyu mbakyu,
sampeyan Mriki kulo tumbasi
Monggo monggo
sing pait o po sing legi
legi wae
tambah eseme bakule..
ojo sembrono mas
dadi gawe..
Biso bedo mas
wekasane..
Bedo Piye,Ora Ora
Tenang Wae To Wis..
mengko gek ngapusi
ora ora,percoyo wes
tenan yo mas
e jamu mas jamune..
Cabe puyang awak mriang
biso ilang..
Mbakyu mbakyu
tambah Malih Cabene puyang
Monggo monggo
janji ora ndadak nganyang
Nganyang wae
wong pengen nyanding bakule
Ojo ngono mas
ra prayogo..
Ora jodho mas
malah dadi loro..
wes pokok ces pleng
mantep jamune
ampun nggodo to mas
e jamu jamune...
Jamu kates awak ethes
sak lawase..
Mbakyu mbakyu
tambah malih jamune kates
Jamu kates
wong urip wajib sing bares
Bares wae
wong naksir karo bakule
ojo ngono mas
ra ndrawasi....
Yen mengkono mas
mengko di dukani...
sopo sing dukani
garwanipun to mas
sih legan,durung mbojo
ah mosok nggeh
e jamu mas jamune...
Beras kencur,awak kujur
dadi mujur..
Mbakyu mbakyu
tambah malih berase kencur cur
monggo monggo
manise koyo woh anggur..
yen kanggoku
sing manis kuwi sliramu..
opo tenan mas
ngendikamu..
yen guyonan mas
ojo seru seru..
ah tenan kok yu
ora ngapusi..
Piye Mas
Sesuk Mriki Malih Nggih...
Nggih
Anggere Di tukoni Lho Yo...
Yo mesti to yu