(Gawang gawang trus ngalela
Candik ayu ambabar rasaning ati
Janji prasetya satuhu
Cinidra pisahing tresna
Swara angin
Binarung mega lan mendung
Ilining tirta
Ing kali oya
Rasane cinidra janji )
Nalika ing wayah sore
Gawang gawang mung katon eseme
Amung tansah ngawe awe
Angleledha mung ngatoni wae
Sliramu wus ora ana
Duh wong ayu tega ninggal lunga
Mbok eling mbiyen prasetya
Sineksenan ilineng kali oya
Saben saben aku nunggu
Mung ngarep tekamu
Kumricik ing banyu kali
Anambahi kekesing ati
Ning pinggiring kali oya
Duh wong ayu awakku dedunga
Muga muga enggal bali
Tak enteni ning pinggiring kali
Saben saben aku nunggu
Mung ngarep tekamu
Kumricik ing banyu kali
Anambahi kekesing ati
Ning pinggiring kali oya
Duh wong ayu awakku dedunga
Muga muga enggal bali
Tak enteni ning pinggiring kali