RIRIS
Riris ...kang hanggowo tangis
Pasuryanmu manis ananging atimu wengis
Riris kang tumimpen wanci wadyo ratri
Ngelingke lelakon kawuri
Pengen ing sawiji wektu
Lungguh neng sandingmu lan biso natap netramu
Bakal tak suntak isi atiku
Rekasaku nggonku nglilakne sliramu
Wit witan kang wis ngrembuyung kepekso layu
Kembang tresno aneng ati kepekso mati
Ati tulus di larani bola bali
Aku tak sing trimo mundur tinimbang ati sun ajur
Aku kudu tangi saka impenku
Impen kang pengen nyanding sliramu
((Deeeewooo... Hanyomono nggonku nandang bronto))
Pengen ing sawiji wektu
Lungguh neng sadingmu lan biso natap netramu