menu-iconlogo
huatong
huatong
avatar

SYI'IR TANPO WATON

Gus durhuatong
desposynihuatong
Lyrics
Recordings
Assalamualaikum

SYI'IR TANPO WATON

Astaghfirulloh...Robbal baroya....

Astaghfirulloh...Minal Khothoya....

Robbi zithni..'ilmannafi'a...

Wawaffiqni...'Amalan sholikha....

Ya roshulalloh..salamun'alaik...

Ya rofi'asyaaniwaddaaroji....

'Athfatayajii rotal'alaami...

Ya Uuhailaljudiwalkaromi....

Ya Uuhailaljudiwalkaromi....

Ngawiti ingsun...nglaras syi'iran...

Kelawan muji maring pengeran...

Kang paring rohmat lan kenikmatan...

Rino wengine....tanpo pitungan...

Rino wengine....tanpo pitungan...

Duh bolo konco...prio wanito....

Ojo mung ngaji syare'at bloko....

Gur pinter ndongeng nulis lan moco...

Tembe mburine...bakal sengsoro...

Tembe mburine...bakal sengsoro...

Akeh kang apal....Qur'an Hadise...

Seneng Ngafirke marang liyane...

Kafire dewe Ga' di gate'ke...

Yen isih kotor...ati akale...

Yen isih kotor...ati akale...

Gampang kabujuk...Nafsu angkoro...

Ing pepaese Gebyare ndunyo....

Iri lan meri sugihe tonggo...

Mulo atine...peteng lan Nisto...

Mulo atine...peteng lan Nisto...

Ayo sedulur...Jo nglale'ake...

Wajibe ngaji sak pranatane...

Nggo ngandelake iman Tauhide...

Baguse sangu...mulyo matine...

Baguse sangu...mulyo matine...

Kang aran sholeh...bagus atine...

Kerono mapan sari ilmune...

Laku thorekot lan ma'rifate...

Ugo hakekot...manjing rasane...

Ugo hakekot...manjing rasane...

Alqur'an qodhim...wahyu minulyo...

Tanpo tinulis biso diwoco...

Iku wejangan guru waskito...

Den tancepake ing njero dodo...

Den tancepake ing njero dodo...

Kumantel ati...lan pikiran...

Mrasuk ing badan kabeh jeroan...

Mukjizat rosul dadi pedoman...

Minongko dalan...manjinge iman...

Minongko dalan...manjinge iman...

Kelawan Alloh...Kang maha Suci...

Kudu rangkulan rino lan wengi...

Di tirakati di riadhoi...

Dzikir lan suluk jo nganti lali...

Dzikir lan suluk jo nganti lali...

Uripe ayem...rumongso aman...

Dununge roso tondo yen iman...

Sabar nerimo snajan paspasan..

Kabeh tinakdir saking pengeran...

Kabeh tinakdir saking pengeran...

Kelawan konco...dulur lan tonggo...

Kang podo rukun ojo ndaksio...

Iku sunnahe rosul kang mulyo...

Nabi Muhammad...panutan kito...

Nabi Muhammad...panutan kito...

Ayo nglakoni...sekabehane...

Alloh kang bakal ngangkat drajate...

Senajan ashor toto dhohire...

Ananging mulyo makom drajate...

Ananging mulyo makom drajate...

Lamun palastro...ing pungkasane...

Ora kesasar roh lan sukmane...

Den gadang Alloh syuwargo manggone...

Utuh mayite...ugo ulese...

Utuh mayite...ugo ulese...

Ya roshulalloh..salam mun'alaik...

Ya rofi'asyaaniwaddaroji....

'Athfatayajii rotal'alami...

Ya Uuhailaljudiwalkaromi...

Ya Uuhailaljudiwalkaromi...

WASSALAM

More From Gus dur

See alllogo

You May Like