menu-iconlogo
huatong
huatong
avatar

jomblo ngenes

Hip hophuatong
🎯иαnop🎯TMBHhuatong
Lyrics
Recordings
lhoo

wes wangi rek, wes adus'e

klambine apik, sepatuan

kate malam mingguan ta? kok gak goncengan lho?

tak kiro kate balapan hahaha, lha DEWEAN

chorus

rasane ngenes ndelok uwong pacaran

isuk sampek bengi, ati'ne kesepian

kadang ngempet nangis, nyesek gak karuan

ben malem minggu mesti ndungak'no udan

liyane duwe pasangan isok gandengan

jomblo pengen anget-anget paling tuku gorengan

liyane duwe pasangan isok rangkulan

jomblo pengen anget-anget paling tuku gorengan

verse 1

ndelok'i HP sepi, pulsa tuku gak kalong blas

urip'e jomblo tertekan jare'ne sopo bebas

nang omah dewean gak onok sing ngejak metu

meneng sampek anyep koyok gedang goreng gak payu

dolen wedhi ketemu mantan mlaku ambek pacar'e

ndelok diluk rasa'ne koyok ke culek mata'ne

kadang jek kangen mantan, kangen'e sampek notok

pengen manja-manja'an mosok ngerangkul gedebok

mantan sayang-sayang'an mesra ambek wong liyo

kuping krungu rasa'ne koyok mari di cokot boyo

mantan'e nyabuk goncengan, delok'en iku bos

liwat ngarep'e pasti di dungak'no ban'e mbeldos

lek arek-arek cilik wedhi di hantui setan

lek arek-arek jomblo wedhi di hantui mantan

malem minggu, adus, surian, nggawe minyak wangi

tak kiro kate metu, tibak'e ndelok TV

chorus

verse 2

dadi jomblo kudu sabar, kudu sering ndungo

kudu orep masio mangan gak onok sing ngeleng'no

gak onok sms met pagi opomaneh met malam

percuma biyen nabung tuku HP larang-larang

wong maling di penjara kadang jek isok mlayu

mosok kon gak isok kabur tekok masa lalu

sedino nang njeruh kamar, lawang'e di kancing

mbrebes mili ngelus dodo tibak'e mari stalking

mbukak twitter'e mantan, mbukak facebook'e mantan

tapi tetep gak isok mbukak ati'ne mantan

kate komen gak wani, cumak ndelok'i foto

ngenes pacaran suwe, akhir'e yo gak jodoh

jomblo cangkruk ambek konco, tetep kepikiran

konco'ne pengen mangan, dek'e pengen balik'an

gak kuat ndelok wong pacaran kesusu moleh

konco gandeng genda'an, jomblo gandeng tangan'e dewe

chorus

verse 3

jomblo iku akeh jenis'e ber'macam-macam

jomblo mistis, ben sabtu ritual nekakno udan

jomblo tentara, sering perang melawan kesedihan

jomblo aktifis, mesti demo njauk penjelasan

jomblo kritikus, mantan'e mesti di sindir'i

jomblo kuliner, bendino sering mangan ati

jomblo islami, senengan'e yo mesti ngaji

ibadah menisan nyidek'i anak'e pak kaji

jomblo atlit bendino pasti latian renang

ben terus ngambang gak tenggelam dalam kenangan

jomblo superhero kuat nerimo pengkhianatan

jomblo pinter, belajar nerimo kenyata'an

jomblo mbujuk'an, jomblo ngaku'ne nduwe pacar

jomblo stres, iku jomblo tapi jek gurung sadar

jomblo underground, iki sing gak terdeteksi

pacar'e konco kabeh di sepik siji-siji

lek aku jomblo keren, gak pacaran gak matek

paling cumak flashback, ambek moto rodok mewek

jomblo kelas kakap, ngamuk lek di takok'i rabi

jomblo anyaran, sing ngamuk pas krungu lagu iki

cobak di pikir, dadi jomblo model opo

orep di gawe asik ojok bendino nelongso

jomblo putus asa, iki sing paling medeni

budal nang afghanistan, gak onok sing ngaboti

More From Hip hop

See alllogo