Asalamualikum wr wb
Upluodt
MASBEY23 / SANTI81
KTV 144452/131196
==KIDUNG WAHYU KOLO SEBO==
*
Rumekso ingsun
laku nisto ngoyo woro
Kelawan mekak howo,
howo kang dur angkoro
Senadyan setan gentayangan,
tansah gawe rubeda
Hinggo pupusing jaman
*
Hameteg ingsun
nyirep geni wiso murko
Maper hardening ponco,
saben ulesing netro
Linambaran sih kawelasan,
ingkang paring kamulyan
Sang Hyang Jati Pengeran
Jiwanggo.... kalbu,
samudro pepuntoning laku
Tumuju dateng Gusti,
Dzat Kang Amurbo Dumadi
Manunggaling kawulo Gusti,
krenteg ati bakal dumadi
Mukti ingsun tanpo piranti
*
Upluodt
MASBEY23 / SANTI81
KTV 144452/131196
*
Sumebyar ing sukmo
madu sarining perwito
Maneko warno prodo,
mbangun projo sampurno
Sengkolo tido mukso,
kolobendu nyoto sirno
Tyasing roso.... mardiko
*
Mugiyo den sedyo
pusoko Kalimosodo
Yekti dadi mustiko,
sa'jeroning jiwo rogo
Bejo mulyo waskito,
digdoyo bowo leksono
Byar manjing sigro-sigro
*
Ampuh sepuh wutuh,
tan keno iso paneluh
Gagah bungah sumringah,
ndadar ing wayah-wayah
Satriyo ....toto sembodo,
Wirotomo... katon ...sewu kartiko
Kataman wahyu Kolosebo
*
Upluodt
MASBEY23 / SANTI81
KTV 144452/131196
*
Memuji ingsun
kanthi suwito linuhung
Segoro gondo arum,
suh rep dupo kumelun
Tinulah niat ingsun,
hangidung sabdo kang luhur
Titahing Sang Hyang Agung
*
Rembesing tresno,
tondo luhing netro roso
Roso rasaning ati,
kadyo tirto kang suci
Kawistoro jopo montro,
kondang dadi pepadang
Palilahing Sang Hyang Wenang
Nowo dewo jawoto,
tali santiko bawono
Prasido sidhikoro,
ing sasono asmoroloyo
Sri Narendro Kolosebo,
winisudo .....ing gegono
Datan gingsir
sewu warso...
Wasalamualaikum wr wb