Pindho samudro pasang
Kang tanpo wangenan
Tresnoku mring sliramu sayang
Cahyaning bulan kang sumunar
Abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
Sumribit angin ratri
Tansah hangenteni
Setyo nrajang telenging ati
Angen angen tumlawung suwung
Ing wengi Sepi
Tansah angranti tekamu duh yayi
Wong bagus age nyedako ning sandingku
Nyawang manis ing esemu
Gawe lerem e rosoku
Tentrem ing atiku
Haywo pegat tresnamu sayangku
Pindho samudro pasang
Kang tanpo wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning bulan kang sumunar
Abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
Wong bagus age nyedak
O ngekep ragaku
Sirno no loro bronto ing atiku
Amergo kekidung wewayang
Luhing pikirku
Haywo pegat tresnamu duh sayangku
Pindho samudro pasang
Kang tanpo wangenan
Tresnaku mring sliramu
Sayang
Cahyaning bulan kang sumunar
Abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
Pindho samudro pasang
Kang tanpo wangenan
Tresnaku mring sliramu
Sayang
Cahyaning bulan kang sumunar
Abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
Yekti sliramu kang dadi lamunan