Separuh nyawaku lungo ninggalake aku
Seprene ono ngendi paranmu
Lungo tanpa pamit ninggalke crito sing pait
Keracun batinku kepingin njerit
Lereng Argo Wilis dadi saksi nggonku nangis
Rasane ati koyo diiris
Neng kutho Kediri isih tak simpen neng ati
Janjimu naliko neng Sekartaji
Koyo sumendale nyowo kang cinabut soko rogo
Kowe pamit lungo megat tali tresno
Angrusak tali akromo kowe lali kowe cidro
Kowe kepincut marang nafsune durjono
Tak lerem atiku senadyan kesikso batinku
Aku percoyo marang Gustiku
Yen wis titiwanci jagad madhangi atimu
Jembare samudro pangapuraku