menu-iconlogo
logo

Arum Ndalu (Kepangku Kapang 2)

logo
avatar
Rena Movieslogo
🇮🇩ᴿᴵᴿ♻️BAGOES♻️logo
Sing in App
Lyrics
Sumerbak nyirep teleng ati

Ngambar arum mlathi ing ratri

Wewangenmu dino kawuri

Seksi katresnan sejati

Nyawang.. pasuryanmu ing tawang

Ketaman ayune sri wulan

Kaya kaya wus sesandhingan

Senadyan amung wewayang,

amung wewayang

Kelingan setyamu, kelingan sedyamu

Nalika nate janji janji

Sebo ing dampar ati

Nglali opo wis lali

Sekar kang rinonce datan kedunung

Nandang kelakon tuwuh getun keduwung

Tumetes waspo tibo ing lembayung

Pindha ombak samudra... tan kebendhung

Mega mendhung tan kandheg tetangis

Nelesi kembang ati sing atis

Ati ketaman janji janji

Kagodha lathi kang manis, grantes ginaris

Sekar kang rinonce datan kedunung

Nandang kelakon tuwuh getun keduwung

Tumetes waspo tibo ing lembayung

Pindha ombak samudra... tan kebendhung

Ginurit endah ...sastro kang semu .

Tansah ngreridu jroning lamunku

Tan ana liya amung sliramu

Nyata jejantung ing tilam sariku

Cahyo netraku...

Arum Ndalu (Kepangku Kapang 2) by Rena Movies - Lyrics & Covers