Biyen mulo sliramu wis tak aturi,
Golek bojo sing tresno welas sejati,
Pungkasane sliramu digawe loro,
Ora wurung saikine dadi rondho
Nanging piye kabeh iki wis kebacut
Ibarat bubur ra bakal dadi sego
Mulo getunku iki tanpo upomo
Ngerti ngono lamaranmu sing tak tompo
Kabeh iki ora perlu digetuni,
Janjiku biyen aku saguh ngenteni..
Kowe lan aku mugo dadi jodone
Ra keno prawane tak enteni randane
Ora nyono sampeyan sabar ngenteni,
Ing nyatane tresnomu tulus lan suci,
Sing tak suwun, sing gede pangapurane
Andhum tresno bebojoan selawase
Andhum tresno bebojoan selawase
Andhum tresno bebojoan selawase