CAMPURSARI MEDLE
꧁ ⃝?️?YU?iWi ⃝?ᤢ͜꧂
===SETYO TUHU===
Aku kang setyo satuhu
Wit biyen nganti saiki
Bebasane peteng kepapag obor sumunar
Andhiko pengayomanku
Lahir batinku wus noyto
Mung sajake andhiko semune kurang reno
Tondho yekti paseksene
Rikalane ngangkat awrat
Mlampah tebih datan lesu
~mugi lestarioo~
Mugi antuk berkahing widi
Atiku mung tansah enget
Payuwunku Setyo kulo tansah anglam-lami
꧁ ⃝?️?YU?iWi ⃝?ᤢ͜꧂
==ANGENTENI===
Aku ngenteni tekamu
Koyo ngenteni mudhune wahyu
Janjimu tansah sumimpen jroning kalbu
Duh kusumo pepujanku
Tak jaluk jo cidro janji
Duh nimas siro wong merak ati
Amung siro dadi ati rino wengi
Aku tansah angenteni
Mugo-mugo tetepo tansah sumanding
Kadyo kandhi duh wong manis lencir kuning
Kledang-kledang kae teko
Pranyoto janjine datan cidro
Gelang alit welut wiso sak upomo
Ojo lali kalih kulo
꧁ ⃝?️?YU?iWi ⃝?ᤢ͜꧂
=NONONG=
Nonong sing nonong sopo sing nduwe
Nonong sing nonong sing ayu dewe
Nononge nambahi ayu, ayu, ayu dewe
Nononge nambahi manis,
manis, manis dewe
Nonong sing nonong, dudu batuk'e
Nonong sing nonong, larang regane
Nononge yen mesam-mesem
kabeh, kabeh kangen
Nononge yen ngguyu merem,
kabeh, kabeh gelem
Dasar ayu tetep ayu
Nadyan nonong, tambah, tambah ayu
Dasar manis tetep manis
Nadyan nonong tambah, tambah manis
Nonong sing nonong, ngendi omahe
Nonong sing nonong, angel tandinge
Sing nonong dudu batuk'e, aduh, aduh sayang
Sing nonong nyedak'o mrene,
aduh, aduh sayang
꧁ ⃝?️?YU?iWi ⃝?ᤢ͜꧂
===LALI JANJINE===
Dino minggu sing tak tunggu
Kowe ngajak ning Tawangmangu
Nganti lingsir srengenge'ne
Ono kene aku nunggu kowe
Tak SMS ra mbalesi
Yen tak telpon malah kok pateni
Mangkel aku mangkel
Yen kepethuk pipimu mesti tak ciwel
Ciwel ciwel ciwel ciwel ciwell
Lali janjine, kandane, alesane
Mangkel'ake
Sopo wonge ora gelo
Kadung dandan kowe ora teko
Jan-jan'e kowe neng endi
Gelagatmu sajak nyubriyani
Atiku sujono
kowe kencan karo wanito liyo
===SAMPUN CEKAP===