Endah citraning bulan ndadari
Luntur kalaning ndulu leceme lathimu
Sewu kembang ing taman asri endah sinawang
Amung ulese layu kalah ayu lan ndika
Pasuryanmu sumirat sumunar
Tak lali lali luih ora biso lali
Jroning ati tumanggap apa tha aku khilaf
Lamun to nresnani marang sliramu oh juwito
Buyar amyar keronto ronto
Eling kalamun tan biso sumanding
Lepase panah asmoro muspra luluh rikala tinanding tresna lia amarga wes ana
Kang lungguh ning atimu
Elok temen lelakon uripku
Langit bumi kang dadi saksi lan prasasti
Seratan garising pesthi pupusing tresna iki amung to
Memuji sira sumanding tresna suci
Buyar ambyar keranta ranta eling kalamun tan bisa
Sumanding lepase panah asmara muspra
Luluh rikolo tinanding tresna lio amarga wes ana kang
Lungguh ning atimu