dasar ora nepak ngawak
(kartisem)
eling umur wis sewidak
(punjule nenem)
esuk sore tindak
nggawani lipen karo bedak
nggo pranti moles awak
...
limbeane nyempal blarak
(kartisem)
gole mlaku pating kradak
(ora teyeng kalem)
liwat ngarep koplak
menyak kulit gedang keplarak
meklothak nibani cikrak
...
nek atos aja diklethak
(ninine)
wis tua aja kemlithak
kegeden empyak kurang cagak
eling maring sanak sedulur putu lan anak
aja kake'en sing dicandak
...
mlebu nggua nggramak nggramak
(ninine)
tambah tua tambah ladak
gole polah kaya wong pencak
dela dela njingkrak
banjuran ngguyu nyekakak
karo merem ndangak ndangak
...
esuk esuk kayong nggipyak
(kartisem)
diundang ora gelem nylingak
(apa maning mesem)
nganggo sandal gapyak
monine pating kemlotak
kepadug ngrukebi becaaak
...
dasar ora nepak ngawak
(kartisem)
eling umur wis sewidak
(punjule nenem)
esuk sore tindak
nggawani lipen karo bedak
nggo pranti moles awak
...
limbeane nyempal blarak
(kartisem)
gole mlaku pating kradak
(ora teyeng kalem)
liwat ngarep koplak
menyak kulit gedang keplarak
meklothak nibani cikrak
...
nek atos aja diklethak
(ninine)
wis tua aja kemlithak
kegeden empyak kurang cagak
eling maring sanak sedulur putu lan anak
aja kake'en sing dicandak
...
mlebu nggua nggramak nggramak
(ninine)
tambah tua tambah ladak
gole polah kaya wong pencak
dela dela njingkrak
banjuran ngguyu nyekakak
karo merem ndangak ndangak