menu-iconlogo
logo

Nagih Janji

logo
Lirik
kelingan rikolo urip bebarengan

bungah susah kabeh ra dadi alangan

Senadyan sedino mung mangan sepisan

Ati seneng anggone urip bebrayan

Nanging saiki uripmu uwis mulyo

Banjur lali rikolo jaman semono

Mangan enak turu penak kerjo penak

Njur lali marang aku sing ngrumat anak

Tego tenan sliramu marang awakku

Mbok tinggal lungo suwe opo dayaku

Saiki tak tagih sing dadi janjimu

Lali aku ojo lali anakmu

Anakmu saiki wis gede gede

Pingin nyuwun pirso sopo to bapake

Udan tangis atiku tambah nelongso

Ning atiku yo soyo mbok sio sio

Yo pancen wis suwe anggonku lungo

Nggonku urip adu nasib ono kutho

Aku ninggal anak bojo lan wongtuwo

Urip ning ndeso tansah keloro loro

Pancen saiki uripku uwis mukti

Nanging ojo mbok anggep aku wis lali

Jroning ati mung tansah ono sliramu

Luwih luwih dadi sumpah jroning atiku

Pancen wis dadi sumpah jroning atiku

Yen durung biso keturutan karepku

Aku ra bakal lali mring wekasanmu

Mung tak jaluk sabar ngenteni tekanku

Yen anakmu takon sopo bapake

Kuwi kabeh ngono wis ono benere

Kandanono aku isih nyambut gawe

Nggo mulyake, anakmu kelawan kowe

Nggo mulyake.. anakmu

kelawan kowe...

Nagih Janji oleh Agung Juanda/Lilin Herlina - Lirik & Cover