Saben kelingan sliramu roso ayem tentrem ing atiku
Duh wong ayu kang biyen ketemu ono papan wisoto Grojogan Sewu
Senadyan uwis kenalan roso ati koyone kelangan
Kenopo biyen ora takon pisan ono ngendi wong ayu omahmu
Duh sang bayu tulungono aku
Kandakno kangenku marang slirane
Wong ayu kang gawe kangening atiku aku tresno
Opo sliramu wong ayu ngrasak ake kangen marang aku
Koyo ngopo bombonge atiku biso maneh ketemu sliramu
Saben kelingan sliramu roso ayem tentrem ing atiku
Duh wong ayu kang biyen ketemu ono papan wisoto Grojogan Sewu
Senadyan uwis kenalan roso ati koyone kelangan
Kenopo biyen ora takon pisan ono ngendi wong ayu omahmu
Duh sang bayu tulungono aku
Kandakno kangenku marang slirane
Wong ayu kang gawe kangening atiku aku tresno
Opo sliramu wong ayu ngrasak ake kangen marang aku
Koyo ngopo bobonge atiku biso maneh ketemu sliramu