Jeng.....
Tak tulis layang iki
Naliko langit kebak mendung
Gawang gawang Katon lelakon
Kang Wis kepungkur
Naliko tak sawang netramu
ing tegal papungan
Tak aras pipimu ing watu kendal
Lan tak geget lathimu ing sendang glagah
Ahhhh....nanging ora jeng
Jebul tresnamu cethek
Koyo kali kang kebak padas
Ringkih koyo kayu gapuk
Garing koyo jati aking
Aku Wis ora ndue
Pengarep arep maneh Jeng
Dalan iki mbiyen nate tak liwati
Nalikane langit mendung kutho ngawi
Sendang glagah wes ginurit jroning ati
Saben liwat Aku ora biso lali
Tak ulati Isih koyo wingi uni
Ora kroso luh tumetes mbrebes mili
Roso nglangut yen katon Pan tanpo pagut
Katresnanku rinenggut purbaning pesthi
Dalan iki mbiyen nate tak liwati
Nalikane langit mendung kutho ngawi
Sendang glagah wes ginurit jroning ati
Saben liwat aku ora biso lali
Tak ulati Isih koyo wingi uni
Ora kroso luh tumetes mbrebes mili
Roso nglangut yen katon pan Tanpo pagut
Katresnanku,rinenggut purbaning pesthi