menu-iconlogo
huatong
huatong
avatar

Piwales Tresno (Remix Vers.)

DAMARA DE/NDX A.K.A.huatong
iamxuxinhuatong
Lirik
Rekaman
Kowe tau ana ning atiku

Kowe mbiyen ngancani uripku

Saikine kowe lunga ninggal

Janji palsu

(Yang patah hati tangannya di atas, nyesek ni lagu)

Apa iki piwales tresnanmu?

Ngukir cidra ning njero batinku

Ngapa tega dolanan atiku

Sakpenakmu

Nalika ati iki wis mantep mileh kowe

Nanging, memburine aku mbok tinggalake

Soroting mripatmu wis ra nandhaake tresna

Rasa wis tok rampungi, atiku tok larani

Yen kelingan janji manis, raga iki ra kuwat

Kabeh esemanku dadi luluh sambat

Uripku saya susah sakuwise kowe cidra

Ra ngira tresna suci iki dadine sewu lara

Jroning ati pancen tresna marang Kangmas

Nanging, aku ra bisa mbaleni kabeh crita

Kowe tau, tau, tau

Kowe tau ana ning atiku

Kowe mbiyen ngancani uripku

Saikine kowe lunga ninggal

Janji palsu

Apa iki piwales tresnanmu?

Ngukir cidra ning njero batinku

Ngapa tega dolanan atiku

Sakpenakmu

Rembulan wengi iki nggawa rasa kang tipis

Lintang dadi seksi perih ing sambat tangis

Sembrebet angin tresna wis mandheg mbok gawa lunga

Apa isih pantes kula paring ngapura?

Pancen kudu pisahan, Gusti kang paring dalan

Kabeh crita mung pantes dadi kenangan

Ora ana ucap pisah kang isa dadi tinggalan

Merga kowe wis ra bisa kanggo dijak bebrayan

Jroning ati pancen tresna marang Kangmas

Nanging, aku ra bisa mbaleni kabeh crita

Kowe tau ana ning atiku

Kowe mbiyen ngancani uripku

Saikine kowe lunga ninggal

Janji palsu

Apa iki piwales tresnanmu?

Ngukir cidra ning njero batinku

Ngapa tega dolanan atiku

Sakpenakmu

Ra bakal tak baleni, tresnamu kaya geni

Kang sumebyar mlabat, ngobong rasa kang suci

Saiki wis ra bisa bali ning wektu mbiyen

Ilang ukara, apa meneh gawe crita balen

Wis, ya wis, aja nggugah manah kang turu

Tresna, kasih, lan ati mbiyen udu duwekmu

Tak lilakne, jembar manah ngeculke kowe

Mugi Gusti saguh lan cepet paring gantine

Jroning ati pancen tresna marang Kangmas

Nanging, aku ra bisa mbaleni kabeh crita

(Pojok-pojok, tangan di atas lagu ini)

Kowe tau ana ning atiku

Kowe mbiyen ngancani uripku

Saikine kowe lunga ninggal

Janji palsu

Apa iki piwales tresnanmu?

Ngukir cidra ning njero batinku

Ngapa tega dolanan atiku

Sakpenakmu

Selengkapnya dari DAMARA DE/NDX A.K.A.

Lihat semualogo
Piwales Tresno (Remix Vers.) oleh DAMARA DE/NDX A.K.A. - Lirik & Cover