menu-iconlogo
logo

Lamunan

logo
Lirik
Pindho samodra pasang kang tanpo wangenan

Tresnaku mring sliramu.. sayang..

Cahyane mbulan kang sumunar abyor ing tawang

Yekti sliramu kang dadi lamunan

Sumribit angin ratri.. tansah angantheni

Setyo nrajang telenging ati

Angen angen tumlawung suwung.. ing wengi sepi

Tansah angranti.. tekamu duh.. yayi

Wong ayu age nyedhak o.. ing sandhingku

Nyawang manise esemu..

Gawe lerem e rasaku tentrem ning atiku

Hayuwo pegat tresnamu.. sayangku..

Pindho samodra pasang kang tanpo wangenan

Tresnaku mring sliramu.. sayang..

Cahyane mbulan kang sumunar abyor ing tawang

Yekti sliramu kang dadi lamunan...

Wong ayu age nyedak o ngekep ragaku

Sirnakno loro bronto.. ing atiku

Amergo kabidhung wewayang..mu ing pikirku

Hayuwo pegat tresnamu dhuh sayangku

Pindho samodra pasang kang tanpo wangenan

Tresnaku mring sliramu..sayang...

Cahyane mbulan kang sumunar abyor ing tawang

Yekti slirmu kang dadi lamunan..

Pindho samodra pasang kang tanpo wangenan

Tresnaku mring sliramu..sayang...

Cahyane mbulan kang sumunar abyor ing tawang

Yekti slirmu kang dadi lamunan

Yekti sliramu kang dadi lamunan

Lamunan oleh Esa Risty/WAHYU F GIRI - Lirik & Cover