menu-iconlogo
logo

Segara Madu

logo
Lirik
Wengi sepi sonya ruri

Wewayangmu tansah ngrubedo neng netro

Kapang kapangku marang sliramu

Pengin nyawang suryoning esemmu

Suwung lewung manah bingung

Yen tan panggih ing sarino ing sadalu

Paras ulatmu lir tirto mili

Ngrembuyung tresno tuwuh ing ati

Pepujanku kembange impenku

Wurung tresno yen ra karo sliramu

Kasmaranku lir segoro madu

Nora kalis memanising kalbuku

Sayektine roso tresno

Mugo sliramu tan cidro

Kayungyun kasmaran

Segoro madu

Suwung lewung manah bingung

Yen tan panggih ing sarino ing sadalu

Paras ulatmu lir tirto mili

Ngrembuyung tresno tuwuh ing ati

Pepujanku kembange impenku

Wurung tresno yen ra karo sliramu

Kasmaranku lir segoro madu

Nora kalis memanising kalbuku

Sayektine roso tresno

Mugo sliramu tan cidro

Kayungyun kasmaran

Segoro madu

Sayektine roso tresno

Mugo sliramu tan cidro

Kayungyun kasmaran segoro madu

Kayungyun kasmaran segoro madu