Syiir TANPO WATON
Astaghfirullah rabbal baraya
Astaghfirullah Minal khotoya
Rabbi zidniy ‘Ilman nafi’a
wa wafiwny ‘amalan sholiha.
Ya Rasulallah.. salamun Alaik.
Ya Rafi’a Syani wad Daraji
‘Atfata yaji ratal Alami
YA Uhailaljudi wal karomi.
YA Uhailaljudi wal karomi.
Ngawiti insun nglara syi’iran
kelawan muji dateng Pengeran
kang paring rahmat lan kenikmatan
rino wengine tanpo pitungan 2
duh bolo konco prio wanito
ojo mung ngaji syareat bloko
gur pinter ndongen nulis lan moco
tembe mburine bakal sangsoro 2
akeh kang apal qur’an hadistse
seneng ngafirke marang liyane
kafire dewe gak digatekke
yen isih kotor ati akale 2
gampang kabujuk Nafsu angkoro
ing pepaese gebyare ‘ndunyo
iri lan meri sugihe tonggo
mulo atine peteng lan nisto 2
ayo sedulur jo nglaleake
wajibe ngaji sak pranatane
‘nggo ngandelake iman tauhide
baguse sangu mulyo matine 2
Kang aran soleh bagus atine
kerono mapan .. sari ngilmune
laku torekot lan ma’rifate
ugo hakekot manjing rasane 2
Alqur’an Qodim wahyu Minulyo
Tanpo tinulis Iso diwoco
Iku wejangan Guru Waskito
Den tancepake Ing njero Dodo 2
Kumantil Ati lan pikiran
merasuk ing badan kabeh jerohan
Mu’jizat Rasul Dadi pedoman
Minongko Dalan Manjinge Iman 2
Kelawan Allah Kang Moho Suci
Kudu rangkulan Rino lan wengi
Ditirakati diriyadhohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali 2
Uripe ayem, rumongso aman
dununge roso tondo yen iman
Sabar Narimo najan pas pasan
Kabeh tinakdir sangking Pengeran2
Kelawan Konco dulur lan tonggo
kang podo rukun ojo ndak sio
Iku Sunnahe Rasul Kang Mulyo
Nabi Muhammad Panutan Kito 2
Ayo nglakoni sekabehane
alloh kang bakal ngakat drajate
Den Gadang Allah swargo manggone
Utuh mayyite ugo ulese 2
Salam Santun Terima Kasih