Astaughfirlloh robbal baroya..
Astaughfirulloh minnal khotoya...
Astaughfirlloh robbal baroya..
Astaughfirulloh minnal khotoya...
Ayo sedulur sing sregep ngaji
Ngaji iku sangune mati
Wong mati iku banget larane
Sebab nyawane ilang saking awake
Sebab nyawane ilang saking awake
Wong urip ning donyo, iku mung sesaat
mongko sing age2 anggonmu taubat
Tobat saking sakabehe maksiyat
Mumpung durung teka wektune wafat
Mumpung durung teka wektune wafat
untung temen wong sing gelem sholat
Lan ngakeh akehi maca sholawat
Sholawat maring nabi Muhammad
Sebab ngajeng ngajeng angsal syafaat
Sebab ngajeng ngajeng angsal syafaat
Ya Alloh Gusti kita nyuwun
Pinaringan istiqomah
Ya Alloh Gusti kita nyuwun
mbejang pejah khusnul khotimah
mbejang pejah khusnul khotimah
Ya Alloh Gusti kita nyuwun
Pinaringan umur berkah
kangge ibadah kanti to'bat
Lan Nebihi laku maksiat
Lan Nebihi laku maksiat
Ya Alloh Gusti kita nyuwun
Pinaringan rizki kathah
saget Kangge amal jariyah
Lan ziarah dateng mekah
Lan ziarah dateng mekah