Monggo Kang Mas, Mbak Yu
Pak Dul sirahe gundul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul
Petruk bingung ngekep bojone
Pikiran nglamun eling gendakane
Pancen kadung rusak negarane
Mula aja gumun nek rakyate kere
Nek wong sugih le gendakan
ning hotel sing larang
Bermain cinta lupa daratan ra konangan
Nek wong kere le gendakan
ning hotel murahan
Durung nganti anget kena razia kisinan
Nek wong gede konangan
selingkuh malah kondang
Nek wong cilik sing
konangan diarak telanjang
Apa kaya ngene jeneng negara berjuang
Segala sesuatu ditentukan dengan uang
Pada pada gendakan hukume dewe dewe
Pancen hukum kui
gendakane wong wong gede
Wong cilik kerja sengsara
ninga tetep kere
Wong gede kemaki urip sak karepe dewe
Ana kancaku pelukis kluyuran bengi bengi
Pamite lunga jare arep golek inspirasi
Neng ndalan ketemu karo
temon bodine seksi
Kenalan terus gelem
digambar ra nganggo klambi
Bar digambar temone seneng ora karuan
Saking senenge nganti
gelem dijak kelonan
Cepet cepet gage do golek hotel murahan
Lagi krusak krusek la
kok yo ana gropyokan
Sing nggropyok polisi
numpak pick up bakul kursi
Tanpa basa basi kabeh kamar disatroni
Banjur diklumpukke dikon antri siji siji
Kabeh digeledah nek
ana sing nyolong wadi
Polisi muni anda telah berbuat ruyal
Itu artinya anda sudah melanggar moral
Pelukise takon apa moral iku mural
Nek cen kui aku ngerti
ayo gek ndang budhal
Moral itu adalah tata susila
Siapa yang melanggar akan kena razia
Pelukise takon apa toh tata susila
Apa pada karo wanita tuna susila
Polisine muni kepiye nek damai wae
Damai kui artine wani piro mbayare
Pelukise nyaut durung
perang kok wis damai
Wong durung telanjang
kok wis digawe rame
Nganggo tangk top mlaku
ning Pasar Bantul
Sangu kates, katese mental mentul
Rakyat ditembak, ditembak betul betul
Tapi jare kena peluru mantul
Buah Langsep tuku regane larang
Motore nyungsep, nyungsep
ning njero kotang
Negara lemes merga kakean utang
Bandane ludes, le nilep pada ilang
Manuk Podang mabur mlebu kurungan
Gage dikancing nganggo gembok kuningan
Ra entek entek lehku seneng gendakan
Nganti modyar nganti tekan kuburan
Kadung remen ceweke Cak Paimo
Cekap semanten niki atur kawula
Ana kupat kecemplung ning njero santen
Menawi lepat kawula nyuwun ngapunten
Pak Dul sirahe gundul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul