menu-iconlogo
logo

Dayang Sumbi

logo
Lirik
Iki kakang unjukane...

kakang.. Wis mantep tenan tho

bakal urip bebrayan karo aku..

wis tak pikir... Aku

wis mantep. Ora ono wanito kang

tak tresnani kejobo amung sliramu.

yen kakang wis

mantep.. Aku yo wis mantep urip

bareng marang kowe kok kakang..

iyo Sumbi... Rasaku ayem

urip nyanding marang sliramu wong ayu..

Semono ugo aku kakang..,

rasaku kang wus garing, koyo dene lemah

kang nelo nunggu kasiram banyu dening

udan.. Sakiki aku rumongso tentrem

sesandingan marang kowe kakang..

Sumbi.. Aku kok

weruh kumlebate kidang...

Kene akeh kewan kanggo bebedak po yo...

Iho kakang... Kene ki akeh

banget kewan.... Malah ing buri kono

akeh ayam alas kang manggon lho kakang..

aku kok kepingin bebedak..

yen kakang arep bebedak

aku melu... Mengko mundak

penjenengan kesasar ono ing

ngalas.. Bingung oleh'e bali...

yo wis yen arep

melu, sakiki toto toto...

Oh yo..Iki benakno iketku iki..

Karo taline di kencengi yo...

Iyo kakang... (Batin Kaget)

lho.. Iki kok ono tatu eneng sirah..

Kakang... Cobo iki klambimu di

unggahke Aku tak weruh lempengmu..

ono opo tho Sumbi.. ?

Lhoh.....lhoh...! Iki

kowe sangkuryang Anaku....! S

Sumbi... Kowe ojo guyon

lho.. Aku urip nganti sakiki aku

ora ngerti sopo wong tuwaku.. Malah

kowe ngaku yen kowe wong tuwaku..

iyo ngger... Kowe kuwi anaku..

naliko semono kowe lungo mergo aku

nesu nundung kowe, mergo kowe mateni

Tumang lan atine thok nggo ngapusi

aku, tok akok ke ati kidang.. Iki aku

ora pangling.. Tatu neng sirahmu lan

ono toh manggon onong lempengmu.. Iki

kowe sangkuryang anaku nggerrr....

Dayang Sumbi... Kowe

ojo gawe crito lho.. Praehanku

wae kowe karo aku ketok luwis

tuwo aku.. Kok aku anakmu....?

Ora ngger.. temen aku

wong tuwamu.. Aku simbokmu.. Wis

cabar yo sangkuryang.. Anggone

awake dewe bakal bebojoan..

Ora keno wong tuwane bebojoan karo

anak.. mengko mundak keno sapu

dendaning bethoro, ora keno yo ngger..

cetho banget olehmu gawe

pawadan kuwi Olo sernane kowe amung

kepengen nampik aku coro alus.. (nesu)

Ora... Ora.... ! Aku kudu klakon

dadi bojomu, senajan kanti pawadan

opo wae aku kudu dadi bojomu..

Ojo yo ngger Sangkuryang...

Aku lan kowe bakal doso gede yen

iki klakon aku karo kowe bebojoan..

Ora bisa... aku kudu

klakon.. Aku kudu klakon duwe bojo

kowe.. Yen kowe nduwo opo kang dadi

karepku.., kowe bakal tak prawoso..

(bosone sakiki di perkosa)

Wis kowe ora keno

tak kandani.. Tetep kowe bakal

ngepek bojo aku...? (Tempo)

Iyo.. Aku saguh dadi bojomu..

Nanging aku duwe penjaluk... Gawekno

tlogo..banyune Di bendungake seko

kali citarum.., Lan cawisono prau sak

mongso mongso aku kepingin lelangen..

Sak jroning sewengi kudu dadi..

Yen ora... Ojo di teruske

kowe duwe bojo aku.

ngono karrepmu....

iyo aku saguh.. Aku saguh.. Bengi

iki ugo bakal tak leksanani...

Cetho banget kowe le arep

nampik karo aku..entenono sesuk

esuk panjalukmu wis ono

kanggoku penjalukmu aku ara kabotan

ngleksanani...

hmmm... Ora ngiro babar

pisan jebul kowe arep nyobo karo

aku... Kowe wani mbebeda atiku...

Katresnanku ming tok nggo dolanan..

Ora trimu aku.. Entenono sumbi... Dudu

sangkuryang yen ora iso nuruti karepmu..

AKU INGSUN.. INGSUN YO AKU.. LAN

INGSUN PANGUWASANE JAGAT SAK ISINE..

AKU TITISING WISNU PANJALMANING

BATHORO SIWO PANGANGENKU KAWENGKU

DINING BATHORO BROMO.. TAK JALUK

LAN TAK PRENTAHAKE PORO LELEMBUT,

JIM SETAN PRIPRAYANGAN.. BANTUNEN

AKU BENGI IKI NGLEKSANANI PANJALUKE

DAYANG SUMBI MBENDUNG KALI

SEWENGI KUDU DADI (TEMPO)

Duh... Iso ciloko tenan..

mBendung kali lan gawe prau wis

arep dadi.. Iki ora keno.. Iki ora

keno... Doso opo sing bakal tak

sandang...Iki kudu di jugarake...

Aku bakal semedi nyuwun marang

ngersane bathoro kang akaryo loko..

DUH JAWATO GUNG.. INGKANG MURBO

LAN WASESO DUMATENG TITAH.

KULO PASRAH PEJAH GESANG.. SUMELEHING

BUDI.., PEJAHING PENGANGEN ANGEN

KASIREPO TUMINDAK'ING ANAK KULO..

INGKANG SAMPUN KECALAN BUDI ELING

SARTO WUTANING MANAH..KASIREPO NGANGGE

CAHYO PANGUAOS DALEM PADUKO...

Dayang Sumbi... Kowe

kang nyabarke anggonku bendung kali

lan gawe prau.. Aku ora trimo.. Aku

ora trimo... Bengi iki kowe kudu

ngladeni aku tanpo syarating pitukon..

Ora... Eling yo nggerrr...

Eling Aku wong tuwamu ojo yo ngger(mlayu

Hai.. Arep mlayu neng

ndi kowe bakal tak bujung, sumbi..

Ojo mlayuu... Ojo mlayu...

Tekan ngendi wae kowe bakal tak

bujung... Sumbi.... Aku kudu

klakon tok ladeni bengi iki....

Ora... Ora ngger... Ora

bakal klakon..mergo Aku bakal lungo

adoh..

Lan cedak marang pandulu.. Aku bakal

urip nyawiji manjing ono jagat kang

suwung seko pengangen angen.. Sing

tak panggoni ing besuke.., yo ing papan

kono bakal katelah GUNUNG PUTRI...

Wis ngger anaku.. Kariyo basuki...

aku pamit... aku wis ora bakal bisa

ketemu

kowe meneh, anaku...

SUMBIIII..... SUMBIII....

SUMBI.... OH DAYANG SUMBI......

Dayang Sumbi oleh lagu daerah jawa barat - Lirik & Cover