menu-iconlogo
logo

Ngidam Sari Jaranan

logo
avatar
Manthouslogo
꧁🌺RATRI🌺꧂logo
Nyanyi di Aplikasi
Lirik
Upama sliramu sekar melati

Aku kumbang nyidam sari

Upama sliramu margi, wong manis

Aku kang bakal ngliwati

Sineksen lintange luku, semana

Janji prasetyaning ati

Tansah kumanthil ning netra, rinasa

Kerasa rasaning driya

Midera sak jagad raya

Kalingana wukir lan samodra

Nora ilang memanise, adhuh

Dadi ati selawase

Nalika nira ing dalu, atiku

Lam-lamen sira wong ayu

Nganti mati ora bakal lali

Lha kae lintange mlaku

Upama sliramu sekar melati

Aku kumbang nyidam sari

Upama sliramu margi, wong manis

Aku kang bakal ngliwati

Sineksen lintange luku, semana

Janji prasetyaning ati

Tansah kumanthil ning netra, rinasa

Kerasa rasaning driya

Midera sak jagad raya

Kalingana wukir lan samodra

Nora ilang memanise, adhuh

Dadi ati selawase

Nalikani ro ing dalu, atiku

Lam-lamen sira wong ayu

Nganti mati ora bakal lali

Lha kae lintange mlaku