Binarunging kidung tresno..
Mongko prasetyaning jiiiwo
Nadyan pinalangan samudro hagni
Datan mingguh tan pakewuh
Genging tresno mbingkas sakehing rubedho
Ooo...ooooo
Sumawur cahyo lintang..
Asri rinenggo ing awang awang
Anyekseni prasapaning ati
Amung siro juwito kang tak tresnani
Sinurung ing pamuji
Ubayane datan mbalenjani
Labuh tresno akeh ing rubedho
Payuwunku kukuh ing prasetyo
Senadyan nyabrang samudro hagni
Setyaku ora bakal sun lincati
Senadyan munggah pucuk ing argo
Tresnaku ra bakal sirno
Sakehing rubedho kang tumeko
Sirno awit gedene roso tresno
Sinawung kidung asmoronolo
Setyo tumeko oncating nyowo
Senadyan nyabrang samudro hapni
Setyaku ora bakal sun lincati
Senadyan munggah pucuk ing argo
Tresnaaaku raaa bakal sirno
Sakehing rubedho kang tumeko
Sirno awit gedene roso tresno
Sinawung kidung asmoronolo
Setyo tumeko oncating nyowo
Setyo tumeko oncating nyowo