Parasmu tansah anglamlami ati
Sinawung.. wulane ndadari...
Ririh ing pangucapmu kang tansah ngreridu
Eling.. esemu wong ayu..
Siro mung dadio puspito.. aneng nendro
Ngamboro habidhung nolo..
Angenku.. amung tansah
Sumanding klawan siro...
Parandene timbangono..
Nyendero pundakku tak elus rikmamu
Ojo mung sujono duh wong.. ayu..
Ngalemo mring aku tak sawang esemu
Yo mung siro jejantunging kalbu...
Sumebyar e lintang rinenggo imbange tawang
Yomung Siro duh nimas kang sun sayang
Siro prasetyaku ugo ngrenggoni tresnaku
Kene tak kudang wong ayu...
Nyendero pundakku tak elus rikmamu
Ojo mung sujono duh wong.. ayu..
Ngalemo mring aku tak sawang esemu
Yo mung siro jejantunging kalbu
Nyendero pundakku tak elus rikmamu
Ojo mung sujono duh wong.. ayu..
Ngalemo mring aku tak sawang esemu
Yo mung siro jejantunging kalbu..
Mungko siro nimas prasetyaku..