menu-iconlogo
logo

LAMUNAN /WAHYU F GIRI Akustik

logo
Lirik
Sumribit angin ratri.. tansah hangantheni

Setyo nrajang telenging ati

Angen angen tumlawung suwung.. ing wengi sepi

Tansah hangranti.. tekamu duh.. yayi

Wong ayu age nyedhak o.. ing sandhingku

Nyawang manise esemu..

Gawe lerem e rasaku tentrem ing atiku

Hayuwo pegat tresnamu.. sayangku..

Pindho samodra pasang kang tanpo wangenan

Tresnaku mring sliramu.. sayang..

Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang

Yekti sliramu kang dadi lamunan...

Wong ayu age nyedak o ngekep ragaku

Sirnakno loro bronto.. ing atiku

Amergo kabidhung wewayang..mu ing pikirku

Hayuwo pegat tresnamu dhuh sayangku

Pindho samodra pasang kang tanpo wangenan

Tresnaku mring sliramu..sayang...

Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang

Yekti sliramu kang dadi lamunan

Yekti sliramu kang dadi lamunan