menu-iconlogo
logo

Lamunan (Akustik Vers.)

logo
Lirik
Sumribid angin ratri tansah hangantheni

Setya nrajang telenging ati

Angen angen tumlawung suwung ing wengi sepi

Tansah angranti tekamu duh yayi

Wong ayu age nyedhak o ing sandhingku

Nyawang manising esemu

Gawe lerem e rasaku tentrem ing atiku

Haywo pegat tresnamu sayangku

Pindho samudro pasang kang tanpa wangenan

Tresnoku mring sliramu sayang

Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang

Yekti sliramu kang dadi lamunan

Wong ayu age nyedak o ngekep rogoku

Sirnakno loro bronto ing atiku

Amergo kabidhung wewayangmu ing pikirku

Haywo pegat tresnamu duh sayangku

Pindho samudro pasang kang tanpa wangenan

Tresnaku mring sliramu sayang

Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang

Yekti sliramu kang dadi lamunan

Yekti sliramu kang dadi lamunan

Lamunan (Akustik Vers.) oleh WAHYU F GIRI - Lirik & Cover