Saben dino mung ngalamun
Jroning sepi sepi samun
Amung tansah kadulu
Wewayanganmu duh kangmas wong bagus
Linali tan biso lali
Soyo angrerujit ati
Lelewamu wong manis
Amung kumantil ing panduning netro
Opo tego siro kangmas cidro ing janji
Misahke katresnan jati
Lamun mangkono piye katresnanku
Piye katresnanku
Mongko kangmas katresnanku
Bebasane tan biso tinuku
Cunduk lan prasetyamu
Tak korban ake jiwo lan ragaku
Saben dino mung ngalamun
Jroning sepi sepi samun
Amung tansah kadulu
Wewayanganmu duh kangmas wong bagus
Linali tan biso lali
Soyo angrerujit ati
Lelewamu wong manis
Amung kumantil ing panduning netro
Opo tego siro kangmas cidro ing janji
Misahke katresnan jati
Lamun mangkono piye katresnanku
Piye katresnanku
Mongko kangmas katresnanku
Bebasane tan biso tinuku
Cunduk lan prasetyamu
Tak korban ake jiwo lan ragaku