Dadi liwung atiku
Nalikane sepisan ketemu
Wong bagus dadi laku
Nggudha ati rinten siang-dalu
Kinurban jiwa-raga
Ngundang rasa, tumetes ing kalbu
Lir nguyahi segara
Datan bisa ngluluhke atimu
Suwe nggonku ngenteni
Liwung ing atiku antuk jampi
Dadia ati sawiji
Nadyan abot, tak lakoni
Sabda pandhita ratu
Mring sliramu, dadia sisihanku
Mugi Gusti nglilani
Tresnaku bakal ginawa mati
Dadi liwung atiku
Nalikane sepisan ketemu
Wong bagus dadi laku
Nggudha ati rinten siang-dalu
Kinurban jiwa-raga
Ngundang rasa, tumetes ing kalbu
Lir nguyahi segara
Datan bisa ngluluhke atimu
Suwe nggonku ngenteni
Liwung ing atiku antuk jampi
Dadia ati sawiji
Nadyan abot, tak lakoni
Sabda pandhita ratu
Mring sliramu, dadia sisihanku
Mugi Gusti nglilani
Tresnaku bakal ginawa mati
(Ja-ja-ja-ja-ja-ja-ja-ja)