Ramalan Jayabaya
Pancen kondhang kaloka
(Ho, heya-eyo)
(Heya-eyo)
(Heya-eyo)
Bumine wis saya anget
Bumine saya mengkeret
Gunung-gunung padha mbledhos
Manungsa sami kuwatos
Pulo Jawa kerem samudra
Pulo Jawa kalungan wesi
Ayo padha ndang elinga
Marang Gusti
Ho, heya-eyo
Heya-eyo
Heya-eyo
Hukumane ra bisa adil
Akeh pangkat jahat lan jahil
Klakuane padha ganjil
Sing apik padha kepencil
Pasar ilang kumandhange
Akeh anak nggoleki bapake
Wong wadon ilang wadone
Wong tuwa ilang tuwane
Ho, heya-eyo
Heya-eyo
Heya-eyo
Ho, Ramalan Jayabaya
Pancen nyata kondhang kaloka
Ho-oh, bumine uwis tuwa
Kudu eling lan waspada
Wong Jawa kari separo
Cina-Landa kari sakjodho
Wong Jawa kari separo
Cino-Landa kari sakjodho
Nang ning eling sapa nggawa ngolehna
Sapane nggawa apik (ramalan Jayabaya)
Bakal dibales apik barek sing nggawe urip
Sapane nggawa elek (pancen nyata)
Bakal dibales elek barek sing nggawe urip
Cekak-cukupe (kondhang kaloka)
Sapane nandur bakalan cukul
Omah ibadah ra disaba
Sing disaba omahe germo
Dijak ibadah mesthi semaya
Jare sambat boyoke lara
Eling-eling dulur sedaya
Urip iki mung sedhela
Ayo ibadah marang Gusti
Sing Kuwasa
Ho, heya-eyo
Heya-eyo
Heya-eyo
Ho, Ramalan Jayabaya
Pancen nyata kondhang kaloka
Ho-oh, bumine uwis tuwa
Kudu eling lan waspada
Wong Jawa kari separo
Cina-Landa kari sakjodho
Wong Jawa kari separo
Cino-Landa kari sakjodho
Beja-bejane sing eling (ramalan Jayabaya)
Beja-bejane sing lali
Luwih beja sing weruh