Esok kae...
Aku neng sandingmu ngumbar lelamunan
Rembulan kari sakcuwil
Wis mangklung mangulon mapak tekane rino
Angin esuk...
Sumilir nyengkuyung nyawijining ati
Sing ngumbar pangentho entho
Nggayuh angen angen
Ginubel ing panjongko
Kok gandeng tanganku
Esuk kae mapag dino dino mrambat
Sakwise sewengi
Bebarengan lumban ing tlaganing tresno
Esok kae...
Kumlawe tanganmu nggondeli lakuku
Sumendal rasane ati
Nyawang kowe ijen
Neng terminal Trenggalek
Esok kae...
Kowe neng sandingku nyawur gondo arum
Rembulan kari sakcuwil
Wis mangklung mangulon mapak tekane rino
Angin esuk...
Sumilir nyengkuyung nyawijining ati
Sing ngumbar pangentho entho
Nggayuh angen angen
Ginubel ing panjongko
Tak gandeng tanganmu
Esuk kae mapag dino dino mrambat
Sakwise sewengi
Bebarengan lumban ing tlaganing tresno
Esok kae...
Sumendhale ati soyo ngobong roso
Naliko bis soyo adoh
Ninggal aku ijen
Neng terminal Trenggalek
Kok gandeng tanganku
Esuk kae mapag dino dino mrambat
Sakwise sewengi
Bebarengan lumban ing tlaganing tresno
Esok kae...
Kumlawe tanganmu nggondeli lakuku
Sumendal rasane ati
Nyawang kowe ijen
Neng terminal Trenggalek