Iki tulising kidungku
Kanggo siro hapsarining kalbu
Eseme kang manis madu
Dasar bagus parasmu kang tanpo layu
Kangmas sasotyaning ati
Yo mung ndiko kang sawiji
Langit bumi kang dadi saksi
Nyulayani amung siji mung sliramu
Yo mung siji sesotyaku
Memanikku mung kang mas wong bagus
Panyuwunku mugo kang mas ora lali marang janji setyaku
Nanging kabeh kui muspro eling kalamun pupusing tresno
Langit bumi kang hanyekseni
Nalikane ngucap janji karo aku
Iki tulising kidungku
Kanggo siro memanik ing kalbu
Eseme kang manis madu
Dasar bagus parasmu kang tanpo layu
Yo mung siji sesotyaku
Memanikku mung kang mas wong bagus
Panyuwunku mugo kang mas ora lali marang janji setyaku
Nanging kabeh kui muspro eling kalamun pupusing tresno
Langit langit hingar bingar
Nalikane ngucap janji karo kowe
Yomung siji sesotyaku memanikku mung kang mas wong bagus
Panyuwunku mugo kang mas ora lali marang janji setyamu
Nanging kui kabeh muspro eling kalamun pupusing tresno
Nanging kabeh kui muspro
Nalikane ngucap janji karo kowe
Ngucap janji karo kowe