Rama rama
Boled budin binah jajanan
Inthil gethuk gesrek combro
Nggo batir medang clebek buket pisan
Rama rama
Jajan boled pancen werna werna
Cimplung thiwul uwis uwis
Balok manggleng krawu nyamleng pisan
Tuku cingkig selawe rong tum
Awak mengkirig kesuwen kungkum
Boled godhog aran bujangan
Awak wis leg log dhemen gacoan
Rama rama
Nyata pancen boled serbaguna
Godhonge kena nggo lalaban
Oyode kena nggo gawe jajanan
Rama rama
Sapa baen sing wis ngrasakena
Panganan boled maregi
Kena nggo serep sarapan pagi
Mangan klanthing koh digulani
Suwe nyandhing ora ditawani
Adol cimplung nang pasar sapi
Senajan wurung uwis nicipi
Lemet ayu rasane legi
Barang wis wayu aja dibukaki
Jajan sriping ora maregi
Senajan gering sugih rejeki