Ya Rasulallah salamun alaik
Ya rafi asyani waddaraji
Atwatayyaji ratalalami
Ya uhai laljuu diwal karami
Ya uhai laljuu diwal karami
Ngawiti ingsun nglarar syiiran
Kelawan muji maring pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo pidungan
Rino wengine tanpo pidungan
Duh bolo konco priyo wanito
Ojo mung ngaji syareat bloko
Gur pinter dongeng nulis lan moco
Tembe burine bakal sangsoro
Tembe burine bakal sangsoro
Akeh kang apal QURAN hadise
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe dak digatekke
Yen isih kotor ati akale
Yen isih kotor ati akale
Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing pepahese gebyare dunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nisto
Mulo atine peteng lan nisto
Ayo sedulur jo ngelaleake
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman tauhide
Baguse sangu mulyo matine
Baguse sangu mulyo matine
Kang aran sholeh baguse atine
Kerono mapan sari ngelmune
Laku thoriqah lan makrifate
Ugo hakekat manjing rasane
Ugo hakekat manjing rasane
Al QURAN qadim wahyu minulyo
Tanpa dinulis iso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing jero dhodo
Den tancepake ing jero dhodo
Kumantil ati lan pikiran
Masuk ing badan kabeh jeroan
Mukjizat rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge iman
Minongko dalan manjinge iman
Kelawan ALLAH kang moho suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadhahi
Dzikir lan suluk jo nganti lali
Dzikir lan suluk jo nganti lali
Uripe ayem, rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan paspasan
Kabeh tinakdir saking pengeran
Kabeh tinakdir saking pengeran
Kumantil ati lan pikiran
Mrasuk ing badan kabeh jeroan
Mukjizat ROSUL dadi pedoman
Minongko dalan manjinge iman
Minongko dalan manjinge iman
Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang podho rukun ojo nesio
Iku sunahe RASUL kang mulya
NABI MUHAMMAD panutan kito
NABI MUHAMMAD panutan kito