Angin dalu sumilir ning sepine wengi
Sansoyo ngelingake sliramu sing tansah tetep neng ati
Tumetes eluhku nelesi pipi
Ngagep janjimu lungo ra nganti suwi
Ono langit tak sawang padang rembulan
Sinare nggowo crito rinajut endah ati sing kasmaran
Neng kene ngugemi janjining pamit lungamu
Nanging raono bali nganti seprene sliramu
Padang rembulan nanging peteng neng njero batinku
Ngempet roso kasmaran ngenteni raono tekamu
Padang rembulan padangono neng njero atiku
Nangis mergo kelangan ngenteni sak tekamu
Opo pancen wis lali, opo sliramu ra ngerti
Nganti kapan nyikso kangenku neng jero ati