Uuu huuu
Aa haaa
Ahaaa ahaaa
Jangan terong akeh lugute
Timbang nyolong suka njaluke
Jangan klewek akeh trasine
Wong wis watek angel tambane
Jangan slada akeh mricane
Prawan randha ya padha bae
Jangan tumplek karo segane
Cempulek eh ayu ninine
Sing aran tembung parikan
Merguyokna pisan
Kena nggo bumbu dopokan
Uga kena nggo hiburan
Ning aja nggo penjorangan
Apa maning padhang mbulan
Timbang mung rubungan
Dopokan ora karuan
Adol jere kulak ndean
Percuma suka parikan
Sing aran tembung parikan
Merguyokna pisan
Kena nggo bumbu dopokan
Uga kena nggo hiburan
Ning aja nggo penjorangan
Apa maning padhang mbulan
Timbang mung rubungan
Dopokan ora karuan
Adol jere kulak ndean
Percuma suka parikan
Suket teki thukul nang nggili
Dipereki koq clala clili
Suket garing nggo empan sapi
Tiwas nyandhing ora nicipi
Suket Jepang dinggo nambani
Nek disawang tambah ngangeni
Suket gajah diopeni
Mbok mubah nyong gelem nampani
Jangan sladha akeh mricane
Prawan randha ya padha bae
Jangan tumplek karo segane
Cempulek eh ayu ninine
Jangan tumplek karo segane
Cempulek eh ayu ninine
Jangan tumplek karo segane
Cempulek