Kecik kecik, kecike manilo yo mas yo
Prayogane, tumrap poro mudho
Mbesuk dadi mas, wong kang dipercoyo
Sing becik dienggo,
dibuang barang sing olo
ooing, kecik kecike manilo
ooing, yen kasep njur ojo gelo
Kecik kecik, diwadahi takir yo mas yo
Sawo kecik, soko kali yoso
Bengi mikir mas, esuk sore mikir
Kok yo kebangeten, dipikir ora rumongso
ooing, kayune ukir ukiran
ooing, wong manis dadi pikiran
Kecik kecik, kecike manilo yo mas yo
Sawo rontok, tibane ning banyu
Mbiyen ngaku mas, jare isih joko
Ning bareng ketemu, horoto anake wolu
ooing, ono grumbul dalan luwak
ooing, yen wurung bejo ning awak
Kecik abang,kecik sawo gunung yo mas yo
Tuku srabi, ing kutho semarang
Urip bujang mas, kok rasane bingung
Bareng arep rabi, horoto reregan larang
ooing, kecike digondol ulung
ooing, duwit sithik sing nginger bingung
ooing, kecike digondol ulung
ooing, duwit sithik sing nginger bingung
ooing, duwit sithik sing nginger bingung