[cow]Nelongso roso rasane
tangis njroning atiku
Yen kelingan esem gemuyumu
Larasworo gending tresno
gawe kangene atiku
Tansah eleng aku ro sliramu
[cew]Duh kangmas sak tenane
aku ngerti atimu
Ning wes pastine aku duk jodohmu
Pancen roso kari Roso
Kudu lilo nggonmu nrimo
Lilakno aku nyanding prio lio
[cow]Ra keroso wes sewindu
nggonku ora ketemu
Kegugah atiku krungu suwaramu
Aku mung bisa ndedungo
waranggono sing tak tresno
Mugo biso urep tentrem mulyo
[cew]Tak tulis lakon tresnamu
ning gending katresnanku
Tak tembangne
saben kangen sliramu
Sak tenane aku nangis
nanging tresno wis ginaris
Taklakoni Kanti ikhlas ati
[cow]Wuyungku ngelayung
ngamboro ing awang awang
Tanpo biso nyanding
aku mung biso nyawang
Tumetes eloku deres mili ono pipi
Opo tresno iku
pancen ra kudu nduweni
[cew]Wes lilakno aku kangmas
wes cukup lalekno
Lelakon tresno iki bakal dadi crito
Tresno Waranggono
[Cow]Ra keroso wes sewindu
nggonku ora ketemu
Kegugah atiku krungu suwaramu
Aku mung bisa ndedungo
waranggono sing tak tresno
Mugo biso orep tentrem mulyo
[cew]Tak tulis lakon tresnamu
ning gending katresnanku
Tak tembangne
saben kangen sliramu
Sak tenane aku nangis
nanging tresno wis ginaris
Taklakoni Kanti ikhlas ati
[cow]Wuyungku ngelayung
ngamboro ing awang awang
Tanpo biso nyanding
aku mung biso nyawang
Tumetes eloku deres mili ono pipi
Opo tresno iku
pancen ra kudu nduweni
[cew]Wes lilakno aku kangmas
wes cukup lalekno
Lelakon tresno iki bakal dadi crito
Tresno Waranggono